Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Terbaru, Tema Hakikat Amar Ma'ruf Nahi Munkar

- 20 Juli 2023, 13:27 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahas Jawa Singkat Terbaru, Tema Hakikat Amar Ma'ruf Nahi Munkar
Teks Khutbah Jumat Bahas Jawa Singkat Terbaru, Tema Hakikat Amar Ma'ruf Nahi Munkar /pixabay/

Mangga kita sesarengan nambahi taqwa lan ajrih kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun.

Ampun ngantos kumowantun nilar kwajiban lan nglirwakaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah, ing pangajap kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, Amiin.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Perkawis ingkang sekelangkung wigatos wonten ing tuntunaning agami kita, nanging katah dipun lirwakaken dining umumipun kita, inggih punika amar ma’ruf nahi munkar. Estunipun kita anggadahi kwajiban nindak aken amar ma’ruf nahi munkar punika, menawi kita kepengin nggayuh kabekjan, kados Allah paring dawuh :

وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُوْنَ إِلَى اْلخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَأُوْلَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ

“Lan becik anaha sangka sira kabeh sak golongan kang ajak ajak marang kabecikan, lan perintah nglakoni penggawe apik lan nyegah sangka penggawe mungkar, ya wong wong kang kaya mengkono iku wong kang merkoleh kabekjan”. (QS. Ali Imran :104).

Pancen nindakaken dawuh menika mila mboten enteng, menawi sekedar ajak ajak nindakaken kesaenan tasih langkung gampil. Nanging nyegah pendamel awon punika mila langkung awrat, amergi tiyang ingkang tumindak awon menika menawi dipun cegah lan dipun alang alangi, malah saget nesu lan muring muring, minggahipun ngantos mengsahi, lan kadang kala mboten nggega ning malah saya ndadra awonipun.

Sinaosa awrat, kedah kita upayakaken amrih nahi mungkar saget ngimbangi dateng amar ma’ruf ipun, mila kasunyatan kita saget mirsani bilih katah tiang remen nindakaken amal sae, nanging tumindak awonipun inggih tetep dipun lampahi.

Pramila katah tiyang ngraos ribet elik elik tiyang sanes tumindak awon, utawi ajrih ngadepi resiko dipun mengsahi dening tiyang dipun elikaken wau. Sinten mawon estunipun kedah nindakaken dawuh menika, miturut kemampuanipun, dateng kemungkaran kedah ingkar. Nabi paring dawuh : 

مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَرًا فَلْيُغَيِّرُهُ بِيَدِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِلِسَانِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِقَلْبِهِ، وَذَلِكَ أَضْعَفُ الْإِيْمَانِ

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah