Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah

- 24 Desember 2022, 05:51 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah /masjidgedhe/

Ampun ngantos kita pejah kejawi Allah netepaken iman islam dateng kita, sahingga kita kaparingan husnul khatimah.

Hadirin Jamaah Jum’at ingkang Minulya.

Kita gesang menika sedaya minangka ujian. Kanti pacoben lan ujian bade dipun mangertosi pundi kawula ingkang langkung sae ngamalipun. Kados dawuhipun Allah:

تَبَٰرَكَ ٱلَّذِي بِيَدِهِ ٱلمُلكُ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيء قَدِيرٌ أ لَّذِي خَلَقَ ٱلمَوتَ وَٱلحَيَوٰةَ لِيَبلُوَكُم أَيُّكُم أَحسَنُ عَمَلا وَهُوَ ٱلعَزِيزُ ٱلّغَفُورُ

"Maha Suci Allah kang sekabehing kraton ana ing panguwasaane, lan Panjenengane Maha Kuwasa ingatase saben-saben suwiji. Kang ndadekake pati lan urip, supaya Panjenengane nyoba sira kabeh, sapa ing antarane sira kabeh kang luwih bagus ngamale. lan Panjenengane Maha Prakosa tur Maha Mangapura.” (QS. Al-Mulk:1-2)

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Langkung inggil imanipun satunggaling kawula, langkung awrat pacoben lan ujianipun gesang.

Sak yektosipun pacoben menika minangka tengara katresnanipun Allah dateng kawulanipun. Kados dawuhaken Nabi:

إِنَّ عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ وَإِنَّ اللّٰهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلاَهُمْ فَمَنْ رَضِىَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السَّخَطُ

“Saktemene gedene wales iku sarta gedene ujian (bala’) Yen Allah tresna marang kaum, mangka Allah bakal paring coba marang deweke kabeh. Sapa wonge kang ridha, mangka Allah bakal ridha. Lan sapa wonge kang ora ridla, mangka oleh bendhune Allah.” (HR. Tirmidzi dan Ibnu Majah)

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah