Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah

- 24 Desember 2022, 05:51 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Cobaan Hidup Sebagai Tangga Raih Ridho Allah /masjidgedhe/

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah.

Katah ingkang nyana bilih ujian namung arupi musibah kados dene bencana, sakit, mlarat, bangkrut, kacilakan, lan sanes sanesipun. Nanging, ingkang nami jabatan, kasugihan, kasenengan, kekuasaan menika ugi ujian. Kadangkala, ujian ingkang jenis kaping kalih menika langkung awrat.

Katah ingkang dipun uji Allah kanthi kemlaratan, piyambakipun kiat ngadepi. Piyambakipun saget sabar malah-malah saget nambah ibadahipun dateng Allah. Nanging, ujian ingkang arupi harta benda ingkang melimpah, malah ndadosaken supe lan nilar ibadahipun dateng Allah.

Satemah dados tebih saking ngarsanipun Allah, nglirwakaken amal ibadah dateng Allah. Ingkang prayogi kados pundi kita ngadhepi ujian saking Allah?

Inggih nderek dawuhipun Allah.

وَإِن تَصبِرُواْ وَتَتَّقُواْ فَإِنَّ ذَٰلِكَ مِن عَزمِ ٱلأُمُورِ

“Lamun sira kabeh padha sabar lan padha takwa, mula saktemene kang kaya mengkono iku kalebu urusan kang diutamakake” (QS. Ali-Imran:186).

Sinten kemawon ingkang sabar, bade nampi ganjaran saking Allah ingkang mboten wonten watesipun lan Allah nggampilaken piyambakipun dados ahli swarga. Allah ngendika:

إِنَّمَا يُوَفَّى ٱلصَّٰبِرُونَ أَجرَهُم بِغَيرِ حِسَابٍ

_“Sejatine mung wong-wong kang padha sabar wahe kang kasampurnakake ganjarane deweke kabeh kanti tanpa etungan” (Az-Zumar:10)

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah