Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Memaknai Perubahan Waktu dengan Hati yang Ikhlas

- 12 Januari 2023, 08:01 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Memaknai Perubahan Waktu dengan Hati yang Ikhlas
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Memaknai Perubahan Waktu dengan Hati yang Ikhlas /pixabay/

Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, mugi mugi kita kalebet golonganipun kawula ingkang kaparingan rahmat lan hidayah wusana beja dunya lan akhiratipun Amin.

Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.

Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun, detik demi detik, menit demi menit, jam demi jam, ngantos dinten gumantos dinten, wulan gumantos wulan wusana jangkep setunggal tahun.

Tumrap kita owah gingsiring kawontenan sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng panguwaosipun Allah Ta’ala. Kados dawuh:

إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلاَفِ الَّليْلِ وَالنَّهَارِ لاَيَاتِ لأُولِي الاَلْبَابِ

“Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal” (Ali Imran : 190).

Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, ateges umuripun donya saya tambah, ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun pinesti. Pramila kangge nglajengaken lelampahan gesang punika, tumrap kita nderek ingkang dipun dawuhaken Kanjeng Nabi Muhammad Saw. dateng shahabat Abi Dzarin:

جَدِّدِالسَّفِيْنَةَ فَإِنَّ الْبَحْرَعَمِيْقٌ وَخُذِالزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ وَخَفِّفِ الْحِمْلَ فَإِنَّ الْعَقَبَةَ كَؤُدٌ, وَاَخْلِصِ الْعَمَلَ فَإِنَّ النَّاقِدَ بَصِيْرٌ

“Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa”. (HR. Ad Dailami)

Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x