Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat

- 20 Juli 2023, 13:37 WIB
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat /pixabay/

وَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : إِذَاجَاءَ نَصْرُ اللّٰهِ وَالْفَتْحُ * وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِي دِيْنِ اللّٰهِ أَفْوَاجًا * فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا *

Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.

Sumangga kita sareng sareng tansah samiya nambahi taqwa lan tha’at dumateng Allah, kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya perintahipun, saha nilar sedaya awisanipun. Ing pangajab kita pinaringan kanugrahan saking ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Saklajengipun, minangka jejering manungsa, kita mboten saget uwal saking lepat lan dosa, khilaf lan klentu. Kosok wangsulipun, Allah Ta’ala Pangeran kita punika Dzat ingkang Maha Welas lan Asih, wiyar pangapuntenipun dateng kawulanipun. Allah tansah mbikak korining taubah, jalaran kanti taubat nashuha saget kangge nggayuh maghfirahipun Allah, lan ing tembe tetep mulya menggahipun Allah kanti pinaringan swarga papan minulya. Kados dawuhipun Allah Ta’ala:

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا تُوْبُوْا إِلَى اللّٰهِ تَوْبَةً نَصُوْحًا عَسَى رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهَارُ

_“He wong wong kang pada iman, pada taobate sira kabeh marang Allah, kelawan taubat nashuha, jalaran taubat iku muga muga Pangeranira nglebur kabeh kaluputanira. Lan bakal nglebokake swarga kang sangka ngisore bengawan kang mili”_ (QS. At Tahrim : 8)

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya.

Mboten wonten manungsa ingkang mboten anggadahi lepat lan dosa, pramila taubat tumrap kita wajib kita tindakaken, sahingga njangkepaken sifat Ghafuripun Allah, mekaten ugi kita tetep minangka kawula ingkang utami sinaosa nandang lepat lan dosa selaginipun purun nglenggana lan rumangsa lajeng nyuwun pangapura. Dawuh dalem kanjeng Nabi:

كُلُّ بَنِى أَدَمَ خَطَأٌ وَخَيْرُ الْخَاطِئِيْنَ التَّوَّا بُوْنَ

“Kabeh manungsa anak putu Adam iku mesti nduweni kaluputan, lan sak becik becike wong kang nduweni kesalahan iku wong kang gelem taubat”

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah