Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat

- 20 Juli 2023, 13:37 WIB
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema Hakikat Istighfar dan Taubat /pixabay/

Kita mboten kenging alit manah sinaosa katah kados menapa, lan sepinten kemawon agenging dosa lan lepat kita, tetep Gusti Allah bade ngapunten dosa lepat kita.

Mekaten ugi kita mboten kenging remesik rumaos mboten gadah dosa lan kelepatan, jalaran Kanjeng Nabi Muhammad SAW. ingkang ma’shum, tegesipun rineksa saking Allah kemawon tetep nindakaken taubat, malah Panjenenganipun taubat dateng Allah sedinten sedalu kaping 100 ambalan.

Kanjeng nabi dawuh :

يَا أَيُّهَا النَّاسُ تُوْبُوْا اِلَى اللّٰهِ فَإِنِّى أَتُوْبُ إِلَيْهِ فِي الْيَوْمِ مِائَةَ مَرَّةٍ

“He eling eling para manungsa, pada taubata sira kabeh ing Allah, mangka sejatine Ingsun taubat marang Allah ing ndalem sedinane 100 ambalan” ( HR : Muslim).

Menapa malih kita ingkang mboten wonten sifat kareksanipun, rinten dalu mboten kendel tumindak duraka, tentu kita kedah langkung katah anggenipun istighfar lan taubat dateng Allah.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya.

Taubat ingkang bade tinampi wonten ngarsanipun Allah menawi netepi tigang perkawis, kados dawuh Mandhumah Hidayatul Adzkiya’:

أُطْلُبْ مَتَابًا بِالنَّدَامَةِ مُقْلِعًا 

وَبِعَزْمِ تَرْكِ الذَّنْبِ فِيْمَا اسْتُقْبِلاَ

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah