Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih

- 20 Juli 2023, 13:47 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih /pixabay/

Ma’asiral muslimin rahimakumullah.

Sumangga, kita sami nambahi tha’at lan taqwa kita dumateng Allah Swt. kanti nindakaken sedaya dawuhipun lan nilar sedaya pepacuhipun. Kanti iman lan takwa punika mugi mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng wiwit alam dunya ngantos dumugi akhirat. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

Ma’asiral muslimin rahimakumullah

Rasulullah saw, nate maringi wejangan dumateng sahabat Abdullah Ibnu Umar RA, sinambi nyepengi pundakipun, kanti dawuh : 

كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْعَابِرُ سَبِيلٍ وَعُدَّ نَفْسَكَ مِنْ اَهْلِ اْلقُبُوْر

“Uripa ana ing donya iki kaya saumpamane dadi wong kang ngumbara, utawa kaya dene wong kang lagi lelungan (musyafir), lan anggepen awakmu minangka wong kang bakal katekan ing pati. (HR. Ahmad).

Wonten ing sanes wekdal, Ibnu Umar ugi ngendika: 

إِذَا أَمْسَيْتَ فَلَاتَنْتَظِرِ الصَّبَاحَ وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلَا تَنْتَظِرِ الْمَسَاءَ وَخُذْمِنْ صِحَّتِكَ لِمَرَضِكَ وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ

“Lamun sira wis manjing bengi, becik sira aja ngenteni tekane esuk. Lamun manjing wektu esuk, becik sira aja ngenteni tekane wengi. Manfa’atna kesehatanmu kanggo ngadhepi tekane laramu. Lan manfa’atna wektu uripmu kanggo ngadhepi wektu matimu.” (HR.Ahmad)

Ma’asiral muslimin rahimakumullah.

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah