Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih

- 20 Juli 2023, 13:47 WIB
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih
Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema Memanfaatkan Waktu untuk Ibadah dan Amal Shalih /pixabay/

Wejangan Rasulullah saw kangge sahabat Abdullah ibnu ‘umar RA. kasebat ugi maringi wasiyat dateng kita sedaya, supados kita saget ngginakaken wekdal kanti sae lan mboten niyak-niyakake wekdal ingkang Allah swt sampun paringaken dateng kita. Rasulullah saw. sampun paring washiyat kanti dawuhipun : 

ﺍِﻏْﺘَﻨِﻢْ ﺧَﻤْﺴًﺎﻗَﺒْﻞَﺧَﻤْﺲٍ ﺷَﺒَﺎﺑَﻚَ ﻗَﺒْﻞَ ﻫَﺮَﻣِﻚَ وَﺻِﺤَّﺘَﻚَ ﻗَﺒْﻞَ ﺳَﻘَﻤِﻚَ وَﻏِﻨَﺎكَ ﻗَﺒْﻞَ ﻓَﻘْﺮِكَ وَﻓَﺮَﺍﻏَﻚَ ﻗَﺒْﻞَ ﺷَﻐْﻠِﻚَ وَﺣَﻴَﺎﺗَﻚَ ﻗَﺒْﻞَ ﻣَﻮْﺗِﻚَ

“Gunakna limang perkara sak durunge katekan limang perkara. Mangsa enommu sak durunge teka mangsa tuamu, sehatmu sak durunge teka laramu, sugihmu sak durunge teka mlaratmu, longgarmu sak durunge teka rupekmu, Uripmu sak durunge teka patimu. (HR. Al-Hakim).

Dawuh Nabi menika nerangaken dumateng kita sedaya, supados estu-estu anggen kita ngamal kanti enggal-enggal migatosaken gangsal perkawis kasebat, kangge sangu gesang kita benjang wonten ing akhirat.

Manawi gangsal perkawis ingkang kaping kalih (sehatmu sadurunge laramu) sampun dumugi, mesthi kemawon mboten bade saget nindakaken amal punapa kemawon kangge sangu gesang wonten ing dunya ugi wonten ing akhirat.

Ma’asiral muslimin rahimakumullah

Sakestu rugi, tiyang ingkang mboten ngginakaken wekdal kanti sak sae-saenipun. Allah dawuh bilih sedaya manungsa tansah nandang kapitunan menawi mboten netepi iman lan amal shalih. Dawuh dalem Allah wonten ing al Qur’an : 

وَالْعَصْرِ إِنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلاَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.

“Demi mangsa, sejatine manungsa iku tansah nandang karugen, kejaba wongkang pada iman lan amal shalih, lan tansah washiyat washiyatan kelawan perkara kang hak, lan kesabaran”. (QS. Al Ashr : 1-3)

Mugi-mugi Gusti Allah Swt tansah paring pitulungan dumateng kita sedaya, kelebet kawulanipun Allah swt, ingkang netepi iman lan amal shalih, sahingga manggih kabekjan ing alam dunya ngantos alam akhirat, Amin ya rabbal ‘alamin. 

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah