Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat

- 27 Juli 2023, 16:52 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat /pixabay/

Mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun.

Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram mekaten ugi kita bade pikantuk pangapunten kalepatan kita saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

Kados dawuhipun :

يآأَيُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْا اِنْ تَتَّقُوْا اللهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّأَتِكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ

“Hei wong kang pada iman menawa sira kabeh pada taqwa marang Allah, mangka Allah Ta’ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa ira kabeh” (QS.Al Anfal : 29).

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah

Kita tentu sampun uninga bilih sak estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah, saha nilar lan nebihi awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak.

Kosok wangsulipun nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita, wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Allah paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun :

وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى

“Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta”. ( QS.Thaha : 124 )

Halaman:

Editor: Amrullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah