Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat

- 27 Juli 2023, 16:52 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Meraih Kebahagiaan Hidup Dunia Akhirat /pixabay/

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah

Mboten wonten cara lan sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari’at agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala.

Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin.

Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken. Pramila ibadah sunnat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken.

Rasulullah dawuh ing hadits Qudsi :

مَاتَقَرَّبَ إِلَيَّ عَبْدِيْ بِشَيْءٍ أَفْضَلَ مِنْ أَدَاءِ مَااِفْتَرَضْتُ عَلَيْهِ

“Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake tumrap deweke”. (HR. Al Bukhari)

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah.

Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan syari’at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih karidlanipun Allah.

Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kita. Allah dawuh ing Al Qur’an :

Halaman:

Editor: Amrullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah