Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Menyiapkan Bekal Akhirat dengan Takwa dan Ikhlas

- 27 Juli 2023, 17:12 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Menyiapkan Bekal Akhirat dengan Takwa dan Ikhlas
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, Tema Menyiapkan Bekal Akhirat dengan Takwa dan Ikhlas /pixabay/

جَدِّدِالسَّفِيْنَةَ فَإِنَّ الْبَحْرَعَمِيْقٌ وَخُذِالزَّادَ كَامِلاً فَإِنَّ السَّفَرَ بَعِيْدٌ وَخَفِّفِ الْحِمْلَ فَإِنَّ الْعَقَبَةَ كَؤُدٌ, وَاَخْلِصِ الْعَمَلَ فَإِنَّ النَّاقِدَ بَصِيْرٌ

“Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa”. (HR. Ad Dailami)

Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Lelampahan panjang wonten ing akhirat mangke mbetahaken sangu ingkang sampurna. Sangu punika kedah kita siapaken wonten ing wanci gesang punika.

Saking punika wonten ing warsa enggal manke, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal pados sangu kanthi ngamal ngibadah ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah.

Mekaten ugi nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi sedaya mungkarot supados entheng beban kita sowan wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala pikantuk pangapunten dosa lan kalepatan kita.

قَالَ بَعْضُ الْعُلَمَاءِ وَلاَسُرُوْرَ لِلْمُؤْمِنِيْنَ أَكْثَرَمِنْ غُفْرَانِ ذُنُوْبِهِ

“Sawenehing Ulama’ paring dawuh: Ora ana kebungahan kang luwih akeh tumrap wong mukmin, katimbang saka olehe diparingi pangapura dosane.”

Pramila punika kita kedah ngraos bingah, nalika pikantuk maghfirah saking ngarsanipun Allah.

Mugi mugi Allah tansah paring pangreksa dateng kita lan sedaya keluarga kita saking sedaya balak lan musibah, pinaringan tetep iman islamipun, istiqamah ibadahipun, ayem tentrem gesangipun, tansah pinaringan karidlan saking Allah Ta’ala.

Halaman:

Editor: Amrullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah