Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah

- 22 Desember 2022, 19:43 WIB
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah /pixabay/

Mangga kita sami ningkataken ketakwaan kita dateng Allah SWT kanti ngibadah manembah dateng Allah ingkang sakestu kanti nindakaken perintah-perintahipun, lan nilar awisanipun Allah. supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala.

Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.

Allah sampun paring dawuh:

وَلَنَبْلُوَ نَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِيْنَ

“Temenan Ingsun nyoba marang sira kabeh kelawan pacoban kang rupa rasa wedi, luwe, suda bandane, suda nggaota keluargane, suda hasil bumine, lan mbebungaha sira ing wongkang pada sabar” (QS. Al Baqarah: 155).

Kita wekdal punika sanget prihatos awit musibah ingkang dumados ing pinten pinten daerah, ingkang katah nuwuhaken bebanten arta banda kepara korban jiwa. Ing mangka musibah punika ugi kongang dumados kapan mawon, sinten kemawon lan wonten pundi mawon. Pramila kita namung kedah tansah waspada lan katah emut nyebut lan ngaturaken pandonga panyuwunan dateng Allah Ta’ala.

Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.

Supados kita saget ngalap hikmah saking mushibah ingkang dumados, samiya tansah ngugemi dawuh pangandikanipun Allah:

وَبَشِّرِالصَّابِرِيْنَ* الَّذِيْنَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيْبَةٌ قَالُوْا إِنَّا لِلّٰهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُوْنَ

“Lan wenehana kabar gembira tumrap wong kang pada sabar, yaiku wong wong kang nalika ketaman musibah pada ngucap : Inna lillahi wa inna ilaihi raji’un” (QS. Al Baqarah: 156).

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah