Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah

- 22 Desember 2022, 19:43 WIB
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Sabar Menerima Musibah /pixabay/

Dawuh punika ngagengaken manah kita, jalaran musibah bade mbeta bebingah saking ngarsanipun Allah, menawi sami saget nampi kanti kesabaran, samu kawis sampun pinesti dening Allah. Langkung perwaca malih dawuh sak lajengipun:

أُلَئِكَ عَلَيْهِمْ صَلَوَاتٌ مِنْ رَبِّهِمْ وَرَحْمَةٌ وَأُلَئِكَ هُمُ الْمُهْتَدُوْنَ

“Wong wong kuwi mau bakal kaparingan keberkahan lan rahmat sangka Pangerane, ya wong wong kang mengkono iku wongkang pada oleh pituduh” (QS. Al Baqarah: 156)

Dados lahiripun musibah mila nuwuhaken kasengsaran lan keprihatosan, nanging sakestu bade nuwuhaken hikmah menawi saget nampi musibah kanti sabar, saha nyikapi bilih musibah namung minangka pacoben tumrap kita sedaya.

Minangka jejering tiyang mukmin, ampun kok musibah ingkang awrat, sedeng ingkang sanget sepele kemawon, bade mbeta hikmah, minangka tebusan saking kalepatan kita. Kados dawuh Kanjeng Nabi:

مَا يُصِيْبُ مِنْ نَصَبٍ وَلاَوَصَبٍ وَلاَهَمٍّ وَلاَ حَزَنٍ وَلاَ أَذًى وَلاَ غَمٍّ حَتَّى شَوْكَةٍ يُشَاكُهَا إِلاَّ كَفَّرَ اللّٰهُ بِهَا مِنْ خَطَايَاهُ

“Ora ana sawijining wong Islam kang lagi ketaman coba rupa payah, lara utawa susah, nganti eri kang ngenani marang deweke, kejaba Allah mesti bakal nebusi dosa lupute sebab pacoban mau”. (HR.Al Bukhari, Muslim)

Para sederek kaum muslimin ingkang minulya.

Mugi mugi samu kawis mushibah lan pacoben punika, sageta katampi kanti sabar, tundonipun saya tambah ta’at lan ibadahe, suda makshiyate, wekasan kaparingan pungkasan ingkang sae, kanti ridlanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala Amin.

جَعَلَنَا اللّٰهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ الْاَمِنِيْنَ* وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِي زُمْرَةِ الصَّالِحِيْنِ* وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah