Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa

- 24 Mei 2023, 10:00 WIB
Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa
Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa /

Ing ngriki kawula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sami, Hanamung mundi dawuh panjenenganipun Bapa .... / Ibu .... (shohibul Bait). Supados ngayahi jejibahan nglumataraken adicara wonten ing enjang punika. Para Bapak saha para ibu , hadirin wal Hadirat Rahima Kumullah.

Baca Juga: Contoh MC atau Jadi Pranatacara Pakai Bahasa Jawa, Bisa Dipakai Banyak Acara

Kepareng kulo maosaken rantapaning adicara ingkang bade kalampah wonten ing enjang punika

Adicara ingkang angka setunggal nuninjih pambuka.

Dipun lajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an.

Adicara ingkang angka tigo, sambutan shohibul Bait.

Adicara sak lajengipun inggih punika, Mauidloh Hasanah dipun tutup kaliyan do'a.

Ingkang sak lajengipun inggih punika pemberangkatan Calon Haji ingkang sak mangke dipun Purwakani kaliyan adzan lan Iqomah.

Hadirin Wal Hadirat Rahima Kumullah.

Mangga sesarengan kito bikak adicara wonten ing enjang punika kathi waosan Ummul Kitab Suratul Fatihah. 'Ala Hadihinniyah Bi Sirril Faaatihah.....

Halaman:

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x