Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa

- 24 Mei 2023, 10:00 WIB
Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa
Teks MC Walimatussafar, Pemberangkatan Jamaah Haji dalam Bahasa Jawa /

Dungkap reruncining adicara saklajengipun inggih punika Waosan Ayat Suci Al Qur'an, Ingkang bade dipun sarirani kadang Kula kang Mas Bagus ..... (Asmane ingkang Qori'). Wekdal saha panggenan sak wetahipun kawula sumangga aken. (sak bakdane qori dipun lajengaken).

Baca Juga: Contoh Teks MC Malam Tirakatan HUT RI Bahasa Jawa Singkat dan Mudah

Shodaqollahul 'Adhim. Shadaqollahul Adhim. Mugi Mugi, Waosan Ayat Suci Al-Qur'an Kala Wau bekta berkahing Majlis wanten ing enjang punika. Amin Ya Rabbal 'Alamiin.

Adicara sak lajengipun Sambutan saking Shohibul Bait Ingkang bade pun sarirani panjenenganipun Bapa .... (wakil tuan Rumah). Wekdal saha panggenan kawula aturaken, sumonggo! (sakbakdane sesorah nembe dipun lajengaken.)

Adicara sak lajengipun inggih punika Mauidlah Hasanah. Wanten ing enjang punika bade dipun wedar panjenenganipun Rama K.H. ....... (Dipun isi asmane Kyai). Wekdal saha panggenan kawula aturaken sumongga.!

Hadirin Wal Hadirat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Subhanahu Wata'ala. Adicara ingkang terakhir inggih punika Pemberangkatan Calon HAji . Kawula aturi Bapa .../ Ibu .... (asmane calon Haji). Saha sedaya ingkang hadir Jumeneng sakwetawis. (jeda, menawi sampun sami jumeneng, nembe dipun lajengaken)

Wanten adicara pemberangkatan Haji punika dipun purwakani kanti kumandanging Adzan Lan Iqomat. Ingkang bade dipun Kumandangaken kadang kula ....... (asmane ingakang bertugas) . Dumateng kadang kulo ....... (ingkang dipun tugasi adzan lan iqomat). Wekdal saha panggenan Kawula aturaken.

Mangga bapa ..../ Ibu .... (asmane calon haji) kepareng nyuwun pamit, salam perpisahan dumateng sedaya hadirin. (MC : Labbaikallahuma labbaik, labbaikalasyarikalaka labbaik, innal hamda wanni'mata laka wal mulk lasyari kalak, secukupnya sampai Calon haji berangkat).

Baca Juga: 6 Kitab Karya KH Hasyim Asy'ari yang Menjadi Rujukan Mengaji di Pondok Pesantren

Menawi wonten sasar sarune tembung ingkang mboten mahanani wonten ing manah panjenengan sedaya, kula ngaturaken gunging samudra pangaksama. Billahi Taufik Wal Hidayah, Warridlo Wal Inayah,..

Halaman:

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x