Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling

- 16 Desember 2022, 20:58 WIB
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling /pixabay/

Para sederek, menawi kita penggalih sak estunipun kanugrahan peparingipun Allah dateng kita punika katah lan ageng sanget, bumi dipun titahaken mboten sanes inggih kangge kita sedaya, langkung-langkung bumi kita nuswantara punika bumi ingkang ijo royo-royo, subur makmur loh jinawi.

Baca Juga: Khutbah Jumat Singkat, Tema: Menyikapi Cobaan dan Ujian dengan Bijaksana

Ananging kenging menapa mushibah lan bencana alam dumados ing pundi-pundi papan, lindu gedhe, banjir, tanah longsor, cleret tahun lan sak pinunggalipun, katah nuwuhaken korban harta benda lan korban jiwa.

Raos kuwatos lan raos ajrih tansah menghantui manahipun warga masyarakat. Dereng malih reregan barang barang kebutuhan saya awis, san saya damel prihatosing bangsa kita.

Raosipun gesang punika saya awrat lan saya sulit mboten nate ngraos tentrem kebak raos kuwatos. Menapa jalaranipun?

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mbok bilih saget ugi awit jalaran anggen kita kirang pinter syukur dateng nikmat kanugrahan peparingipun Allah dateng bangsa kita punika.

Kaparingan bumi ingkang subur, toya ingkang melimpah, sumberdaya alam ingkang ageng, nanging mboten dipun gula wentah lan dipun rawat kanti sae, malah kosok wangsulipun dipun ekploitasi kanti ngliwati bates, ngruda peksa dateng alam lingkungan kita tanpa metang dateng bebaya ingkang dipun tuwuhaken.

Baca Juga: Arti Bermimpi Cincin Menandakan Pernikahan Sudah Dekat? Simak Penafsirannya

Wusananipun lantaran alam punika Allah maringi pepenget dateng kita. Kawontenan mekaten jumbuh kaliyan dawuhipun Allah ing Al-Qur’an surah An-Nahl ayat 112:

Halaman:

Editor: Amrullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah