Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling

- 16 Desember 2022, 20:58 WIB
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling
Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Musibah Minangka Pepeling /pixabay/

وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا قَرْيَةً كَانَتْ آمِنَةً مُّطْمَئِنَّةً يَأْتِيهَا رِزْقُهَا رَغَدًا مِّن كُلِّ مَكَانٍ فَكَفَرَتْ بِأَنْعُمِ اللّٰهِ فَأَذَاقَهَا اللَّهُ لِبَاسَ الْجُوْعِ وَالْخَوْفِ بِمَا كَانُوا يَصْنَعُوْنَ (١١٢ : النحل)

“Allah wis maringi conto, sawijining negeri kang makmur, aman, tentrem ayem, rizqine melimpah tuah teka sangka kabeh arah. Nanging penduduke banjur pada ngufuri marang nikmate Allah, akibate Allah nimpakake larang pangan lan rasa wedi, amerga tumindak kang wus pada dilakoni” ( QS. An Nahl: 112).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Pramila kita kedah pinter ngelola lan nggula wentah lan ngupakara alam punika, kanti tetep njagi kelestarianipun, mboten malah damel risak ingkang tundanipun nuwuhaken bebaya lan ancaman dateng kawilujengan kita sedaya.

Dene kawontenaning prastawa musibah ingkang katah kedadosan sageta dados pepenget lan piwucal, amrih kita langkung ngatos atos lan mawas dateng lelampah kita ingkang sampun kelajeng. samiya katah istighfar lan ndedonga, sahingga Allah maringaken hikmah saking sedaya mushibah punika minangka pepenget dateng kita.

Baca Juga: Mimpi tentang Cincin Tunangan, Menandakan Terjadi Apa? Baca Penafsirannya Berikut Ini

Jalaran tentu Allah mboten bade nimpakaken mushibah dateng penduduk negari punika, menawi penduduk negri punika tansah nindakaken amal kesaenan. Kados dawuhipun Allah:

وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا مُصْلِحُوْنَ

“Pangeranmu ora pisan pisan bakal ngrusak negara-negara kelawan aniaya, ing mangka penduduke negara kuwi wong wong kang pada nggawe becik”. ( QS.Hud 117)

Wusana kawontenan prihatos punika mugi enggal gumantos kanugerahan lan kebingahan ingkang nuwuhaken kesejahteraan tumrap kita sedaya.

Halaman:

Editor: Amrullah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah