Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Nabi Muhammad Sebagai Anugerah bagi Umat Manusia

- 24 Desember 2022, 09:47 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Nabi Muhammad Sebagai Anugerah bagi Umat Manusia
Khutbah Jumat Bahasa Jawa, Tema: Nabi Muhammad Sebagai Anugerah bagi Umat Manusia /pixabay/

Mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, kanti taqwa dateng Allah kita kaparingan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Amin.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah.

Wekdal menika kita tasih wonten ing wulan Rabi’ul Auwal inggih wulan Mulud. Wulan wiyosan Dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wasallam. Kawontenan pagesanganing manungsa rikala semanten tansah memengsahan lan sesatron, kaum wanita sanget dipun remehaken derajatipun.

Kabudayanipun masyarakat ingkang remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi ngabotohan lan sak pinunggalanipun. Mila kanti perjuangan panjang ingkang sanget awrat, lan wekdal ingkang mboten sekedap.

Wusana Allah maringaken pitedah dateng bangsa Arab kanti perombakan total bangsa Arab, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan, perikemanusiaan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajengan, saking kesesatan dados kaleresan, lestantun dumugi mangsa sak lajengipun hingga titiwanci punika.

Punika sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ’alaihi wasallam.

Kados dawuhipun ing surah Ali Imran :

لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ إِذْ بَعَثَ فِيهِمْ رَسُولًا مِنْ أَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْ عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلُ لَفِي ضَلَالٍ مُبِينٍ

“yekti temenan Allah Ta’ala wus paring kanugrahan marang wong wong mukmin, nalika Allah Ta’ala ngutus sawijine Rasul sangka golongane deweke (tegese ora sangka golongane Malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhamma SAW) kang Rasul mau macakake ayat ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh sangak dosa dosa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al Qur’an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mau sak durunge yekti ana ing sak jerone sasar kang nyata”. (QS.Ali Imran 164 ).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya.

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x