Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat

- 12 Januari 2023, 06:47 WIB
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat /pixabay/

Para sederek kaum Muslimin ingkang Minulya.

Mangga kita tansah nambahi ajrih lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, Ing pangajab kita kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang wiwit dunya punika ngantos mbenjang dumugining akhirat, Amiin.

Allah sampun paring dawuh :

وَنَجَّيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa”. (QS. Fushshilat: 18).

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah.

Gilir gumantosipun mangsa, terus lumampah mboten wonten kendelipun, saking detik gumantos menit, menit gumantos jam, jam gumantos dinten dinten gumantos wulan, wulan gumantos tahun, lan sak terasipun.

Monggo sami-sami menggalih, mushibah dumados wonten ing pundi pundi papan ingkang nuwuhaken swasana tintrim, raos ajrih lan kuatos tansah ngebaki telenging manah. Semantena kita syukur saget pinaringan yuswa menangi warsa enggal, nanging kita kedah waspada ikhtiyar lan mbudi daya.

Kalebet ikhtiyar kita kedah saya nyaket dateng ngarsanipun Allah, kanti ngatah ngatahaken emut lan nyebut kanti dzikir lan donga.

Jalaran wusananipun kita kedah yakin bilih sedaya perkawis, saking kuasa lan kersanipun Allah. Mila kita konduraken lan kita pasrahaken sedayanipun dateng panguwaosipun Allah Ta’ala.

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x