Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat

- 12 Januari 2023, 06:47 WIB
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat
Teks Khutbah Jumat Pakai Bahasa Jawa, Tema: Segera Bertaubat Agar Hidup Selamat Dunia Akhirat /pixabay/

Mekaten ugi kita kedah mawas diri mulat sarira, Allah maringaken balak lan mushibah jalaran kita para kawula ingkang katah lirwa dateng jejibahan, kepara katah nerak awisan wewaleripun Pangeran.

Mila kita kedah taubat nashuha ing pangajab Allah maringaken pangapunten dateng kita, lan kita kalebet tiyang ingkang beja dunya, akhiratipun mlebet swarga kados dawuhipun Allah :

يٰۤاَيُّهَا الَّذِيۡنَ اٰمَنُوۡا تُوۡبُوۡۤا اِلَى اللّٰهِ تَوۡبَةً نَّصُوۡحًا عَسٰى رَبُّكُمۡ اَنۡ يُّكَفِّرَ عَنۡكُمۡ سَيِّاٰتِكُمۡ وَيُدۡخِلَـكُمۡ جَنّٰتٍ تَجۡرِىۡ مِنۡ تَحۡتِهَا الۡاَنۡهٰرُ

“He wong wong kang pada iman pada taubata sira kabeh marang Allah kelawan taubat nashuha, Muga muga Allah nglebur kaluputannira kabeh lan nglebokake sira kabeh ing swargane Allah kang sangka ngisore mili banyu bengawan”(QS. At Tahrim : 8)

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Pramila saking meniko, dumuginipun rahmatipun Allah mugi nuwuhaken harapan enggal lan ugi semangat enggal kagem kita sedaya. Mugi mugi Allah ugi enggal ngluwari bangsa kita saking samu kawis bebendu balak lan mushibah.

Mila kita katahaken pandonga dateng ngarsa dalem Allah, kita tobati samukawis lampah duraka, kita tambahi ta’at ibadah kita dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala. Sahingga gumantosing tahun estu mbeta labet tumrap gesang kita.

Mboten namung ganti tahun tambah umur, ananging lampah kita mangga wontena kacekipun kalian wekdal wekdal kapengngker.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Wusana mangga kita nyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun pitedahna dening Allah SWT saget nuhoni darmaning kawula, ngumawula ngibadah nderek tuntunan agami kanthi sak sae-saenipun mugi-mugi gesang kita manfaat maslahat fid dun ya wal akhirah.

Halaman:

Editor: Muhammadun


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x