Contoh Teks MC dan Susunan Acara Perpisahan Sekolah SMP atau MTs Bahasa Jawa Lengkap

- 18 Juni 2022, 14:00 WIB
Contoh Teks MC dan Susunan Acara Perpisahan Sekolah SMP atau MTs Bahasa Jawa Lengkap
Contoh Teks MC dan Susunan Acara Perpisahan Sekolah SMP atau MTs Bahasa Jawa Lengkap /HugoAtaide/ Pixabay

BERITA BANTUL - Conroh teks MC dan susunan acara perpisahan sekolah kelas 9 SMP atau MTs sering dicari.

Acara perpisahan sekolah akan berjalan dengan lancar dan sukses jika susunan acara dirancang dengan baik dan dibawakan oleh MC yang handal.

Untuk mencapai hal tersebut, berikut ini adalah contoh teks MC dan susunan acara perpisahan sekolah kelas 9 SMP atau MTs yang dapat anda gunakan.

Baca Juga: Contoh Teks Pidato Perpisahan Sekolah Singkat untuk Kelas 12 SMA, MA, SMK

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah-alhamdulillahi rabbil 'alamin, assholatu wassalamu 'ala asrofil ambiyai walmursalin wa'ala alihi washohbihi ajma'in. Amma ba'du

Ingkang kawula hormati Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Ponorogo

Ingkang kawula hormati Bapak lan Ibu guru pendidik serta kanca-kancaku ingkang tak tresnani.

Baca Juga: Contoh Teks MC Perpisahan Sekolah Singkat dan Mudah Tinggal Baca

Sakderengipun sumangga kita tansah manjataken raos puja dalah puji syukur kita dumateng Allah SWT ingkang sampun paring taufiq saha hidayah ipun,

Sahingga wonten ing wedal siang punika kula saha panjenengan sami tasih pinaringan kasugengan saha karaharjan saget angrawuhi wontening acara perpisahan kelas 9 SMP Negeri 1 Pati kanti kawontenan wilujeng mboten wonten aral satunggal punapa.

Ingkang kaping kalihipun, sholawat saha salam mugia tansah kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung nabi akhiruzzaman inggih menika kanjeng nabi Muhammad SAW.

Baca Juga: Teks Doa Perpisahan Sekolah dari Gus Mus, Bisa Diguanakan untuk Berbagai Macam Acara

Ingkang sampun mbeta umatipun saking minaddzulumati ilannur inggih menika saking margi ingkang awon dumateng margi ingkang sae, lan ingkang kita ajeng-ajeng syafaahipun benjang wonten Yaumul Qiyamah. Amin

Saklajengipun ten mriki kawula ingkang kajibah nampi ayahan minangka juru wicara utawa pranata adicara ingkang saperlu badhe ngaturaken susunan acara ing wedal siang punika.

Ingkang sepindah inggih menika Pambuka.

Baca Juga: Contoh Teks MC Acara Kurban 2022 untuk Acara Kampung, RT, RW, Bahkan Nasional Tinggal Baca Saja

Ingkang kaping kaleh inggih menika Kumandange ayat suci al-qur'an

Ingkang acara kaping tiga inggih menika sambutan saking ketua OSIS

Minangka acara salajengipun inggih menika sambutan perwakilan saking kelas 8

Acara kaping gangsal sambutan perwakilan saking kelas 9.

Baca Juga: Teks Mc Yasinan Bahasa Jawa Lengkap Sangat Cocok Bagi yang Masih Belajar

Minangka acara salajeng ipun utawi acara ingkang kaping nenem inggih menika sambutan saking Bapak Kepala sekolah sekaligus mauidlah hasanah ingkang kalajengaken Do'a

Minangka acara ingkang kaping terakhir Panutup

Para hadirin ugi rencang-rencang ingkang kula hormati

Mekaten kala wau menggahing hadicara ing wedal siang menika, lan minangka acara slajengipun inggih menika pambuka.

Sumangga acara ing wedal siang menika kita bikak sesarengan kanthi waosan umul kitab Al-Fatiha.

Baca Juga: Doa Mohon Perlindungan dari Keburukan Diri Sendiri, Begini yang Diajarkan oleh Nabi Muhammad

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan fatiha kala wau saget mbeto lancaring hadicara ing wedal siang menika.

Lan minangka acara salajengipun kumandange ayat suci al-qur'an. Dumateng panjenenganipun Adib Maulana kawula sumangga aken. Sumangga...

Mekaten kala wau kumandange ayat suci al-qur'an mugio saget nambah iman lan taqwa kita dumateng Allah, ugi saget mbeto lancaring hadi cara ing siang menika. Amin

Lan minangka acara salajengipun inggih menika sambutan saking ketua OSIS SMP Negeri 1 Pati, Dumateng ingkang kajibah kawula sumangga aken. Sumangga..

Baca Juga: Contoh Teks Sambutan Acara Perpisahan di Sekolah untuk Kelas 3 SMP, Singkat dan Mudah

Minangka acara salajengipun utawi acara ingkang kaping sekawan inggih menika sambutan perwakilan saking kelas 8.

Dumateng panjenengan ipun ingkang kajibah kawula sumangga aken. Sumangga.

Minangka acara salajengipun inggih menika sambuatan perwakilan saking kelas 9.
Duamateng panjenenganipun ingkang kajibah kawula sumanggaaken. Sumangga

Minangka acara ingkang kaping nenem Sambutan saking Bapak Kepala Sekolah sekaligus mauidloh Hasanah ingkang kalajengaken Do'a.

Baca Juga: Teks Doa Perpisahan Sekolah untuk Berbagai Tingkatan Terbaru 2022

Dumateng Panjenenganipun Bapak Ahmad Amnan, S. Pd. kawula sumangga aken, Sumangga.

Dumateng panjenenganipun Bapak Imam Hambali,S.Sos katuraken matur nuwun.
Minangka acara ingkang kaping terakhir inggih menika Panutup.

Sumangga acara perpisahan kelas 9 SMP Negeri 1 Pati menika kita tutup kanthi waosan Hamdalah.

Baca Juga: Teks Doa Perpisahan Sekolah untuk Berbagai Tingkatan Terbaru 2022

Cekap semanten saking kawula, wonten kirang langkung ipun kula nyuwun pangapunten ingkang sakatah-katahipun. Akhir kata..

Wabillahi taufiq wal hidayah, waridlo wal inayah. Wassalamu 'alaikum Wr. Wb. ***

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x