Contoh Teks MC Malam Tirakatan HUT RI Bahasa Jawa Singkat dan Mudah

21 Juni 2022, 13:30 WIB
Contoh Teks MC Malam Tirakatan HUT RI Bahasa Jawa Singkat dan Mudah /Tangkapan layar instagram/ @yogapratama_igd

BERITA BANTUL - Contoh teks MC malam Tirakatan Kemerdekaan Indonesia atau HUT RI menjadi hal yang sangat penting.

Acara malam Tirakatan menjadi hal yang penting karena menjadi salah satu hal yang akan menjadi acuan berjalannya acara.

Agenda malam Tirakatan akan dapat berjalan dengan baik dan lancar jika dubuat susunan acara yang baik dan pembawa acara yang mumpuni.

Baca Juga: Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat untuk Berbagai Acara

Berikut ini adalah contoh teks MC acara malam Tirakatan Kemerdekaan Indonesia singkat dan lengkap yang dapat anda jadikan rujukan.

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Dukuh, Ingkang kinurmatan bapak ketua RT/RW lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Baca Juga: Doa Kemerdekaan dari Gus Mus, Sangat Menyentuh, Cocok untuk Doa Upacara Kemerdekaan RI

Sumangga kita ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuaos ingkang maringi kita sedaya hidayah, barokah saha rahmatipun.

Para rawuh ingkang kula hurmati, wonten mriki kula kajibah supados ndherekaken adicara punika kepareng kula maosaken rerantaming adicara. Inggih menika:

Ingkang sepisan pambuka.

Kalih nembangaken lagu Indonesia Raya.

Kaping tiga yaiku atur pangandikan bapak dukuh.

Baca Juga: Contoh Teks Doa Malam Tirakatan Hari Kemerdekaan Indonesia Terbaru 2022

Adicara kaping sekawan yaiku. pengumuman para juara lomba 17-an.

Gangsal yaiku pentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda.

Lan adicara kaping enem yaiku panutup.

Mekaten para rawuh sedaya ingkang minulya rantamaning adicara ing kalenggahan punika. Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kita sedaya manungku puja konjuk wonten ngarsa daleming Gusti Allah SWT.

Baca Juga: Belajar Sabar dalam Kehidupan Sehari-hari menurut Gus Baha, Wajib Direnungi dan Diamalkan

Sumangga kula dherekaken maos Basmalah sesarengan.

Bismillahirahmanirrahim. Matur nuwun.

Adicara kaping kalih taiku nembangaken lagu Indonesia Raya. Sumangga kita sedaya jumeneng. Matur nuwun, para rawuh kula aturi lenggah malih.

Adicara kaping tiga yaiku atur pangandikanipun Bapak Dukuh. Dumateng bapak dukuh, kula sumanggaaken. Matur nuwun kula aturaken dening atur pangandikanipun.

Baca Juga: Puisi Kemerdekaan Taufiq Ismail, Sangat Cocok Dibaca Saat Memperingati HUT RI

Adicara ingkang kaping sekawan yaiku pengumuman lomba 17 Agustus.

Adicara kaping gangsal yaiku pentas seni lan kethoprakan sesarengan pemuda. Sumangga kita sedaya mirsani acara menika.

Adicara ingkang kaping enem yaiku panutup. Mekaten saking kula minangka pranata adicara ngaturaken agunging pangaksami dhumateng para rawuh mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur.

Baca Juga: Puisi Chairil Anwar Tentang Kemerdekaan dan Perjuangan, Cocok Dibaca Saat HUT RI

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian contoh teks MC acara malam Tirakatan Kemerdekaan Indonesia. ***

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan

Tags

Terkini

Terpopuler