Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI

- 22 Juni 2022, 14:30 WIB
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI /Tangkapan layar instagram/ @mc.kondang.an

Ingkang dhahat kinurmatan panjenenganipun Bapak Ketua RW 24. Ingkang kawula urmati Bapak Ketua RT 3 lan 4. Para sesepuh, ugi para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu dhahat kinurmatan.

Para rawuh kakung sumawana putri, ingkang sami suka rahayu. Wonten ing papan menika, kula ingkang piniji minangka pranata adicara, keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan anggenipun sami wawan pangandikan. Keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ing titi laksana ing pahargyan menika.

Adicara ingkang angka setunggal inggih menika pambuka.

Baca Juga: Contoh Teks MC dan Susunan Acara Kematian atau Sripah dalam Bahasa Jawa, Singkat, Mudah dan Tinggal Baca

Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pangandikan saking panitia, ingkang badhe dipun wakili dening Bapak Sarijo.

Adicara ingkang angka tiga atur pangandikan saking Bapak Dukuh.

Adicara ingkang angka sekawan, adicara inti inggih menika pengetan dinten kamardikan Indonesia kaping 77 ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Ketua RW 24.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Baca Juga: Puisi Kemerdekaan Karya WS Rendra 'Gerilya', Cocok Dibaca Saat Peringatan HUT RI

Makaten rantamaning adicara ing dalu punika.

Halaman:

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x