Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI

- 22 Juni 2022, 14:30 WIB
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI
Contoh Teks MC Bahasa Jawa Malam Tirakatan Peringatan HUT RI /Tangkapan layar instagram/ @mc.kondang.an

Katur para rawuh kakung saha putri sumangga kula penjengan nglampahi adicara ingkang angka setunggal. Dedonga kula dherekaken. Dedonga cekap.

Salajengipun adicara ingkang angka kalih, inggih punika atur pangandikan saking panitia ingkang badhe dipunwakili dening Bapak Sarijo. Wekdal saha papan kula sumanggakaken.

Maturnuwun kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Sarijo ingkang sampun paring pangandikan.

Baca Juga: Mbah Maimoen Zubair Bongkar Rahasia Dibalik Kemerdekaan Indonesia, Ternyata Ini yang Terjadi

Para rawuh ingkang satuhu kula urmati. Adicara ingkang angka tiga inggih punika atur pangandikan saking Bapak Dukuh. Wekdal saha papan kula sumanggakaken.

Maturnuwun dhumateng Bapak Dukuh, ingkang sampun paring pengetan dhateng kula lan panjenengan sedaya, supados tansah ngenget-enget perjuanganipun para pahlawan.

Ngancik adicara ingkang angka sekawan sumangga kula lan panjenengan lampahi inggih punika adicara inti ingkang badhe dipunsalirani dening Bapak Ketua RW 24. Papan saha wekdal kula sumanggakaken.

Baca Juga: Puisi Chairil Anwar Tentang Kemerdekaan dan Perjuangan, Cocok Dibaca Saat HUT RI

Bapak Ketua RW 24 paring pangandikan saengga kula lan panjenengan saged mangertosi bilih ngenget-enget para pejuang punika mboten kedah ing dinten kamardikan. Dhateng ngarsanipun Bapak Ketua RW 24 kula aturaken agunging sembah nuwun.

Para rawuh ingkang satuhu dhahat karenan. Mboten keraos kula lan panjenengan sampun dungkap adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup. Sumangga kula dherekaken dedonga miturut agami sarta kapitadosanipun piyambak-piyambak. Dedonga, kula sumanggakaken.

Halaman:

Editor: Ahmad Lailatus Sibyan


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x